Baca Juga

السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ


Ingkang kawula hormati bapak kepala madrsah Drs Muhammad sholeh, M.Ag saha Dewan juri lan Bapak, Ibu Guru staf karyawan Madrasah Aliyah Negeri Demak ingkang satuhu luhuring budi. Lan mboten ketinggalan para kanca, siswa-siswi Madrasah Aliyah Negeri Demak ingkang tansah kula tresnani, ingkang sampun rawuh dateng acara niki.

Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. sehingga kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara sapunika kanti sehat walafiat,

Sholawat saha salam mugi kita aturaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat saha para pendherekipun. ingkang kita tunggu-tunggu syafaatipun wonten ing dunyo lan akhirat. Amien


Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.


مِنَ الْعَا ئِدِيْنَ وَالْفائِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ

و بالله التو فيق و الهداية

والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته